Saklembar
Duwik Ing Nisor Bangku Kelas
Saklembar
duwik ing ngisor bangku kelas.saklembar duwit iku Rp 50.000,00 iku kate diidek
Fahmi untunge Fahmi ngelangkahi duwik iku mau.Fahmi ngelirik duwit iku mau
kanti atine gemeter.
Dino sek isuk,ora ono koncone sing wes ten sekolahan.
Fahmi mikir gakmungkin ono koco koncoku sing nggudo utawa nipi karo duwik iku
mau.Fahmi ngelirik kiwo tengen lan ndeleng ing sekitar kelase.Ati Fahmi pun dag
dig dug ndredeng ora karuan
Ning atinre mempertimbangno, nek duwit iki tak jupuk ora
ono arek seng ero,akehhe duwik iku mau yo lumayan.sakdowone uripku aku durung
tau nyekel duwit sak akehe iku. Duwik 50 ribu iku akeh,bukanne iso kanggo mbayar spp sing 2 wulan durung
kebayar?
Fahmi ngitung sisane nek di gawe mbayar spp sisane yo
lumayan kanggo mangan bakso ing kantin,’’jare konco konco bakso ing kantin
solahan iku enak.pisan pisan aku pingin mangan bakso sing jarene enak soale aku
yo gak tau mangan ning kantin.’’
Kesempatan
apik iki ora oleh disiasiano.Kesempatan iki gak mungkin teko kepindoan .mungkin
konco konco durung teko nanging ono manuk grejo sing dadi saksi,manuk grejo iso
opo nek duwit iki tak jupuk
Fahmi
arep njupuk duwit iku mau nanging kegelisahan teko maneh ning atine ‘‘piye iki
nek duwit iki duwite koncoku sing ape di gawe mbayar spp’’tentune koncoku sing
kilangan pasti di seneni karo wongtuwone ‘’piye nek wong tuwone uwong sing
kurang mampu’’
Fahmi
ngurungake niatan njupuk duwik iku mau. Kebingungan nguwasai atine
‘’Fahmi,awakmu
butuh duwik iku kan.jupuk.en aeora ono seng ngeri nek awakmu njupuk duwik
iku.gak ono sing nuduh awakmu sing njupuk amarga duwik iku ora ono sing
nduwe,nek iku duwike keruhan koncomu
pasti dijupuk lan ora ono sing nyalahno’’ suworo iku punkian bergemuruh ing
atine fahmi,seakan akan mekso .
‘’Ojo di jupuk Fahmi’’
‘’jupukken wae duwit iku!!’’
‘’ojok fahmi iku duduk duwitmu’’
‘’gpp
Fahmi awakmu kan butuh duwik,gak ono sing ero .apa awkmu pengen di celuk ning
kantor gara gara duwik spp 2 wulan durung lunas,ilingo ibukmu yo ora duwe duik
kanggo bayar spp’’
Akhire
Fahmi kepikat suara sing terakhir.duwik iku mau di jupuk Fahmi .lan Fahmi gupuh
kabeh mbukak slerekan tas banjur duwik iku mau di lebokake ning tas,sakwise iku
Fahmi pinarak ing ndukure dingklik.ora suwe konco kkoncoe teko lan masuk ning
kelas
‘’Sugeng
injing Fahmi sampean pancen rajin ,sampean mesti injing wes ning skolahan’’ ,
sapa Dita
‘’sugeng
injing Dita ,sampean sampun ngerjakake PR matematika?’’Fahmi ngalihaken
pembicaraan`
‘’nggeh
sampun,sampean nggeh sampun?.balas Dita
‘’Fahmi
mengangguk,
Sakwise
iku konco konco liane yow is teko kabeh,suwasana kelas tambah rame`kegiatan
sekolah nggeh lanjut koyok biasane nanging sing ora biasa iku atine Fahmi,awake
gelisah lan dag dig dug ora karuan,atine ngomong ‘’piye iki nek onok sing
ngelapor kilangan duwik?trus di geledah lan ketemu ndek tasku ,waduh……aku ra
iso berbuat opo opo ,aku pasti di cap pencuri neng kelas iki.’’
‘’ket
mau sampean kok ngelamuan ae Fahmi’’ takoke Eko (konco sakbangku)
Pelajaran
nggeh terus ganti,Fahmi ora kerungu nek onok koncone sing kilangan
duwik.nanging Fahmi tambah gelisah Fahmi kefikiran , ‘’piye iki nek duwik iku
tek guruku ‘’Fahmi akhire tambah gelisah
‘’Anak
anak sakdurunge Bapak ngawiti pelajaran dinten niki bapa ngumumaken ,bapak
wingi kilangan duwik 50 ribu’’ujar Pak Pujo
Atine
Fahmi tambah ndredeg,Fahmi bingung ‘’piye nek kabeh tas di geledah .Ajooorrr
aku iki..
‘’Untung
ae sing ilang iku duwik plastic,duwie anakku,duwik dulinan memang mirip duwik
asli nanging onk di satu sisi ora ono gambare.Sing nemokake bapa pesen ojo di
damel tumbas jajan amarga duwik iku duwik palsu.nek kok blanjakno nko sampean
iso di arani pemalsu uang.’’nasihat Pak Pujo.
Sak
kabehe arek ning kelas iku kabeh podo ngguyu ,kecuali Fahmi.Fahmi mek iso
ngomong ning ati ; untung ae duwik palsu, Kapok aku……..aku ga pengen ngulang
perbuatan koyo iku mau sing njupuk barang sing duduk hakku.kok duwik iku asli
malah dadi perkara sing gedhe.
Fahmi
akhire nyesel
Created :
1. GIYAT DWI WAHYU CAHYONO
2. SAPTIAN DIKI SAPUTRA
Cerita Lainnya :
kisah bocah pangadol koran
Bapak
Ora sido PS an
ora ngerti tetep nekad
sekolah anyar
Cerita Lainnya :
kisah bocah pangadol koran
Bapak
Ora sido PS an
ora ngerti tetep nekad
sekolah anyar